Pangerten Bab Wayang

Perangan Ing Sajroning Pagelaran Wayang Kulit

1. Unsur Benda

  • Wayang kulit kang kagawe saka kulit sapi utawa menda.
  • Gamelan yaiku saperangan alat musik Jawa kanggo ngiringi pagelaran wayang.
  • Kelir yaiku layar amba kang digunakake ing pagelaran wayang.
  • Debog utawa batang pisang kang digunakake kanggo nancepake wayang.
  • Blencong yaiku lampu minyak (minyak klapa utawa lenga klentik) kang khusus digunakake ing pagelaran wayang.
  • Kotak wayang duweni ukuran 1,5 mx 2,5 m minangka piranti kanggo nyimpen wayang.
  • Cempala yaiku “senjata” kanggo dhalang digunakake kanggo aweh prentah marang wiraniyaga, wiraswara, lan waranggana.
Baca Juga  Capaian Pembelajaran Bahasa Jawa

2. Unsur Manungsa

  • Dhalang yaiku sutradara, pemain, artis, sarta paraga sentral saka pagelaran wayang kulit. Dhalang uga bisa ditegesi wong kang nyritakake Ian nglakokake wayang. Ing babagan terminology basa Jawa, dhalang asale saka tembung ngudhal piwulang. Ngudhal tegese nyebarake utawa ngandharake Ian piwulang tegese ajaran, pitutur, wulangan, ngelmu. Dadi dhalang iku ora mung nampilake tontonan nanging uga mbeberake bab tuntunan kang becik.
  • Penyimping yaiku wong kang biyantu dhalang kanggo nyiapake wayang kang dijejer (disamping) ing debog (simpingan).
  • Panjak yaiku wong kang nabuh gamelan (memainkan gamelan).
  • Waranggana yaiku wong kang nembang ing pagelaran wayang. Biyasane kang nembang iku wong wadon uga biyasa diarani sindhen.
Baca Juga  Wos Kang Kamot ing Tembang Sinom

admin

Halo, Saya adalah penulis artikel dengan judul Perangan Ing Sajroning Pagelaran Wayang Kulit yang dipublish pada 25/04/2022 di website Bapak Guru

Leave a Comment