Wos Kang Kamot ing Tembang Sinom (Wedhatama)

Wos Kang Kamot ing Tembang Sinom

Wos Kang Kamot ing Tembang Sinom (Wedhatama)

  1. Serat Wedhatama aweh pangalembana marang wong kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
  2. Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran,rasionalitas utawa Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).
  3. Babagan karakter lan prilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan nepsu) kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa brata). Piyambake ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben pasamuan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara ngupadi nugraha (kala kalaninga sepi lelana teki-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun enining tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra piyambake mahami kekuwatane samodra kang kaya-kaya bisa digegem.
  4. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran. Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ora duwe papan
  5. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung perkara kang dadi cagaking panguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring
  6. Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka yaiku nesu kang tanpa alesan nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho lan tansah duwe
  7. Manungsa kang luhur bebudene iku seneng ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh lan gawe seneng atining
Baca Juga  Sinau Aksara Jawa

admin

Halo, Saya adalah penulis artikel dengan judul Wos Kang Kamot ing Tembang Sinom yang dipublish pada 13/07/2022 di website Bapak Guru

Leave a Comment