Mangerteni Bab Pranatacara Bahasa Jawa
Werdine Pranatacara
Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara, utawa panatacara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara.
Mligi ana ing upacara lelayu utawa kesripahan tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya. Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara.
Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda
Pranatacara kuwi paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining adicara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) sapanunggale. Kaya dene ing adicara adat temanten Jawa, pranatacara nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan.
Sanadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene ing acara kesripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake acara mbudhalake saka omah menyang pasarean (kuburan).
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Jejibahan iku kaya dene ngaturake pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe, pasrah temanten utawa nampa pasrahe temanten, khutbah walimah (wasitatama).
Yen ing omahe wong kesripahan, pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuluhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisudha, lan liyane.