Asal Usul Lan Pangerten Bab Crita Wayang
Asal-Usul Wayang
Wayang iku asale saka tembung Ma-Hyang kang ateges tumuju marang dewa utawa Gusti kang Maha Tunggal. Ana kang ngandharake wayang kuwi ateges bayangan/wewayangan, bab iki gegambaraning uriping manungsa.
Wayang dadi simbol uripe masyarakat Jawa kang dituduhake liwat basa lan sarana kanggo nemtokake sejatining urip nuju marang Sang Hyang Dumadi. Mula kita kudu ngaturake syukur marang Gusti Kang Murbengrat amarga wis maringi sawijining kabudayan kang bisa dadi tuntunan supaya tumindak bener ora nalisir saka dhawuhing Gusti.
Crita wayang ing tanah Jawa sumbere saka Mahabharata lan Ramayana. Wujude crita ana sing pakem Ian ana sing carangan (gubahan). Wayang wis dadi salah sijining asil karya budaya kang mbalung sungsum ing Indonesia.
Tanggal 7 November 2003 UNESCO netepake yen Wayang pinangka kabudayan kang nengsemake lan duweke asli Indonesia. Wayang ditetepake minangka sawijining warisan kang endah lan berharga (Masterpice of Oral and Intangibel Heritage of Humanity).
Pangerten Bab Crita Wayang
Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane.
Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang golek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.
Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18.
Wayang iki entuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh Museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta.
Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, antarane apik lan ala, babagan lair Ian batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.